DATA DIGITAL

Selasa, 28 Juli 2020

PENDALAMAN MATERI (30 JULI 2020)

Silahkan kerjakan dengan baik. nilai yang diambil adalah nilai yang diperoleh pada percobaan pertama mengerjakan ulangan harian. Apabila nilai masih di bawah KKM (75) silahkan mengulangi mengerjakan dengan nilai maksimal yang didapat adalah 75. 

Minggu, 26 Juli 2020

Interaksi keungan di Negara Asean

Lembar Kerja Siswa (Seni Budaya) IX

MATERI MENCERITAKAN KEMBALI CERITA LEGENDA

Lare-lare mangga dipunwaos materi nyritakake maneh legenda lan crita legenda lajeng ditulis pokok- pokok legendane ing buku cathetan basa Jawa
NYRITAKAKE MANEH LEGENDA KANG WIS DIMANGERTENI ( DIWACA UTAWA DIRUNGOKAKE )
Nyritakake legenda kang wis dimangerteniiku bisa kanthi lisan utawa kanthi tinulis. Urut-urutane  supaya bisa nyritakake  crita legenda yaiku
1.    Mangerteni teks legenda kanthi cara bisa maca teks utawa ngrungokake crita legenda kang premati
2.    Nulis pokok-pokok isi / pokok pikiran wacan saben saparagraf
3.    Nyritakake maneh isine wacan nganggo tembung-tembunge dhewe ( bisa ngoko utawa krama ) saka pokok-pokok isi kang wis ditulis kang dikembangake

TEKS LEGENDA ( 1 )
Desa Kalicacing, Mbiyen Kali Kang Akeh Cacinge
Kalicacing iku dumunung ing Kecamatan Sidomukti, Salatiga. Manawa ditonton saka jenenge, desa iki kaperang saka rong tembung, yaiku kali lan cacing. Ora akeh literatur  kang nyebutake mula bukane jeneng desa kang dumunung ing kelurahan kang manggon ing punjering kutha iki. Pirang-pirang sumber ngandharake beda bab legenda mula bukane jeneng Kalicacing iki.
            Budayawan Salatiga, Djisnozero, ngandharake, cerita rakyat mula bukane desa Kalicacing iki asale saka critane Kyai Pandanaran, kang jaman semana arep nindakake laku saka Semarang menyang Bayat, Klaten, dikancani garwane. Nalika nglewati wewengkon Salatiga, sempat ngliwati kali kang jebul akeh cacinge.“Miturut crita sing taktampa, nalika pirsa kali kang akeh cacinge iku, banjur Kyai Pandanaran menehi jeneng Kalicacing. Jeneng iku sing nganti seprene dianggo jeneng,” ngendikane.
Crita liya saka maneka warna sumber nyebutake fenomena akehe cacing iki ora kedadean ngono wae. Crita iki kedadean saka pawongan kang  jenenge Joko Genthong, sawijining wong lanang kang nduweni praupan bagus lan prawakan gagah pideksa kang disupatani dadi cacing dening sawijining wanita kang kepengin dadi bojone.
Jaman biyen, ana pawongan bagus kang aran Joko Genthong kang manggon ing sawijining desa. Sawise ngancik diwasa, Joko Genthong dadi wong kang paling pinunjul. Dheweke nduweni watak kendel lan seneng nenepi ing panggonan kang sepi, mbebayani, lan angker. Selot suwe, jenenge Joko Genthong saya kondhang lan dianggep wong kang sekti mandraguna. Tindak tanduke kang santun lan luhuring budine, ndadekake dheweke sansaya ditresnani wong akeh. Sawijining dina, ana sawijining kenya kang kepengin dadi bojone Joko Genthong. Yen nganti pepinginane kenya iku ora dituruti, Joko Genthong bakal dipateni.
Ancaman iku keprungu ing talingane wong tuane Joko Genthong. Kalorone banjur mbujuk Joko Genthong supaya nampa kenya mau, amarga yen nganti dheweke nolak bakal kena bebaya. Bujukane wong tuane mau ndadekake Joko Genthong mikir. Joko Genthong banjur lunga saka desane.
Ora ana sing ngerti ana ngendi dununge Joko Genthong. Joko Genthong jebulane tapa nenepi maneh nganti awake kuru banget. Manawa awake diobahake  angel banget tur ora duwe daya. Jebule lungane Joko Genthong mau ditutake dening sawijining wong wadon lan wong kang sekti mandraguna. Kaya ngapa kagete wong wadon mau nalika ngerteni manawa Joko Genthong kang biyen dadi pepujane wis ora kaya mbiyen maneh. Anane mung meneng wae, bisane amung ngobah-obahke tangan lan sikile kaya cacing. Keanehan dumadi ing awake Joko Genthong kang susut saya cilik lan dadi cacing. Cacing kasebut banjur tumuju ing sawijining tuk lan ilang saka pandengane wong wadon mau. Tuk mau banjur diwenehi jeneng “Kalicacing” supaya mbesuke tuk kasebut migunani tumrap wong akeh.
Kepala kelurahan, Yulia,  uga nyarujuki crita legenda Kalicacing iki. Jaman mbiyen wewengkon iki akeh kaline senajan ta amung kalen. Ndilalah ing kalen kasebut uga akeh cacinge. Wewengkon iki nggambarake panggonan kang ora resik rikala iku, ditengeri akehe cacing kang tinemu ing kono.
“Iku mau legenda lisan, saiki mesthine wis beda. Pancen asale akeh kalen nanging saiki wis tinutup wewangunan-wewangunan kayata trotoar lan liya-liyane,” ngendikane Yulia. Panjenengane nyebutake gunggunge wong kang manggon ing Kalicacing udakara ana 6000 – an wong. Saiki Kalicacing wis dudu panggonan kang kumuh maneh marga wis dadi punjering kutha Salatiga. Wewengkon iki malah kalebu desa kang  tua dhewe ing Salatiga lan minangka cikal bakale dumadine Salatiga.
( kapethik saka buku Gayatri )

Selasa, 21 Juli 2020

PJOK Daring 23 Juli 2020

Kegiatan Awal (pemasanasan)



Kegiatan Inti (materi)


sumber belajar video:



Kegiatan Penutup

Penugasan (penugasan ini sekaligus untuk keperluan presensi):



PJOK VIII (Rabu, 22 Juli 2020)

Silahkan isi identitas dan kirim (submit) apabila sudah selesai menjawab

Selasa, 14 Juli 2020

PJOK KELAS 8 (15 Juli 2020)

Perkenalan singkat dari kami Guru PJOK kelas 8 (Silahkan tonton dengan kualitas paling rendah agar menghemat kuota internet anda)

Ough iya kalian boleh subscribe channel youtube saya KLIK di sini


 Silahkan isi daftar hadir terlebih dahulu Bacalah materi di bawah:
  Bacalah informasi tentang sepakbola dari sumber yang lain! Kerjakan pendalaman materi di bawah